Angger-Angger Baku Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Tata Nagara Républik Indonésia
Indonesia |
Artikel iki bagéyan saka seri: |
|
Pamaréntahan
|
Negara liya · Atlas Portal pulitik |
Angger-Angger Baku Indonésia (Indonésia: Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Tahun 1945), utawa dicekak AAB 1945, yaiku ukum dhasar tinulis (basic law), konstitusi papréntahan nagara Républik Indonésia.[1]
UUD 1945 disahaké minangka undhang-undhang dhasar nagara déning PPKI ing tanggal 18 Agustus 1945. Wiwit tanggal 27 Dhésèmber 1949, ing Indonésia lumaku Konstitusi RIS, lan wiwit tanggal 17 Agustus 1950 lumaku UUDS 1950. Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959 bali menyang UUD 1945, kanthi dikukuhaké kanthi aklamasi déning DPR ing tanggal 22 Juli 1959.
Sajeroning kurun wektu taun 1999-2002, UUD 1945 ngalami owah-owahan (amandemen) kaping papat, sing dikukuhaké sajeroning Sidang Umum lan Sidang Taunan MPR:
- Sidang Umum MPR 1999, tanggal 14-21 Oktober 1999 → Owah-owahan Pisanan UUD 1945
- Sidang Taunan MPR 2000, tanggal 7-18 Agustus 2000 → Owah-owahan Kapindho UUD 1945
- Sidang Taunan MPR 2001, tanggal 1-9 November 2001 → Owah-owahan Katelu UUD 1945
- Sidang Taunan MPR 2002, tanggal 1-11 Agustus 2002 → Owah-owahan Kapapat UUD 1945
UUD 1945 dipunsahkèn dados undang-undang dhasar nagara déning PPKI ing tanggal 18 Agustus 1945. awit tanggal 27 Dhésèmber 1949, ing Indonésia kalampahan Konstitusi RIS, lan awit tanggal 17 Agustus 1950 ing Indonésia kalampahan UUDS 1950. Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959 ngginakaken malih UUD 1945, kaliyan dipunkukuhaken kanthi aklamasi déning DPR padha tanggal 22 Juli 1959.
ing kurun wekdal taun 1999-2002, UUD 1945 ngalami 4 kali kaubahan (amandemen),ingkang ngubah susunan lembaga-lembaga ing sistem ketatanagaraan Républik Indonésia. manawi ing nagara ukum, papréntahan Indonésia cenderung nglampahi diskriminasi kaliyan pinten-pinten penduduk, mliginipun penduduk Indonésia bersuku Tionghoa.manawi sampun dados penduduk Indonésia resmi, diskriminasi kaliyan undang-undang kalebet UUD 1945 wonten. Diskriminasi limrahipun tuladhané inggih punika penduduk marga Tionghoa asring kadamel kesulitan ingkang damel KTP. Pelanggaran UUD 1945 tuladhané inggih punika pelanggaran ing kebebasan beragama (Bab XI), pelanggaran ing kebebasan berpendidikan lan ndalami kabudayan kados ta kabudayan Tionghoa (Bab XIII), lan pelanggaran ing Hak Asasi Manungsa (Bab X dan XA). Pelanggaran Hak Asasi Manungsa kadadosan punika kathah ing mangsa Soeharto lan ngantos sapunika ugi. Pelanggaran HAM ingkang amat berat, nanging boten karampungaken ngantos sapunika inggih punika pelanggaran HAM ing Haruhara Mèi 1998. -->