Dewan Perwakilan Rakyat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dewan Perwakilan Rakyat (dicekak DPR) iku lembaga tinggi nagara sajeroning sistem ketatanagaraan Indonésia kang dadi lembaga perwakilan rakyat lan nyekel kakuwasan gawé Undhang-Undhang. DPR duwé fungsi legislasi, anggaran, lan pengawasan.
DPR dumadi saka anggota parté pulitik peserta pilihan umum, kang dipilih miturut asil Pilihan umum. Anggota DPR periode 2004-2009 cacahé 550. Ing periode 2009-2014, cacahing anggota DPR nambah dadi 560. Mangsa kalungguhan anggota DPR yaiku 5 taun, lan mungkasi bebarengan wektu anggota DPR kang anyar ngucapaké sumpah utawa janji.
Ketua DPR wektu iki yaiku Puan Maharani.