UNEF
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pasukan United Nations Emergency Force (UNEF) kang pisanan diwangun déning Sidang Umum PBB kanggo ngamanaké lan ngrampungi Krisis Suez ing taun 1956 kanthi resolusi 1001 (ES-I) tanggal 7 November, 1956, lan punjul kasil upayané Sekretaris Jendral PBB Dag Hammarskjöld lan proposal saka Mantri Luar Negri Canada, Lester Pearson. Minangka kakuatan militèr PBB kang pisanan tugasé:
- ... lumebu tlatah Mesir kanthi dimangertèni déning pamaréntah Mesir, kanggo mbiyantu njaga katenangan sajeroning lan sawisé penarikan mundur wadyabala non-Mesir lan njaga supaya rujuk karo katentuan liyané kang kapacak ing resolusi.... nguwasani tlatah kira-kira saka Terusan Suez nganti Garis Démarkasi Gencatan Senjata antara Mesir lan Israèl.
Amarga resolusiPBB iku mau ora liwat Bab VII Piagam PBB, panggelaran wadyabala kudu olèh idin luwih dhisik saka pamaréntah Mesir. Sawisé negosiasi multilateral karo Mesir, sepuluh nagara nawakké mèlu urun wadyabala, ya iku nagara-nagara: Brasil, Kanadha, Kolombia, Dhènemarken, Finlan, India, Indonesia, Nurwègen, Swèdhen, lan Yugoslavia. Bantuan uga ditawakké déning Amérikah Sarékat, Italia, lan Switserlan. Pasukan pisanan teka ing Kairo tanggal 15 November, lan UNEF wis nduwé kakuatan wadyabala lengkap cacahé of 6,000 ing sasi Fèbruari 1957. Pasukan wis digelar kanthi penuh ing saubengé kanal, ing Sinai lan Gaza nalika Israèl narik mundur wadyabala pungkasané saka Rafah ing tanggal 8 Maret, 1957. Sekretaris Jendral PBB arep nggelar wadyabala UNEF ing tlatah Israèli miturut garis gencatan senjata taun 1949, nanging ditolak déning Israèl.[1]