Swèdhen
nagara ing Éropa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Krajan Swèdhen utawa Konungariket Sverige sajeroning Basa Swèdhen yaiku nagara Nordik ing Skandinavia, Éropa kang kutha krajané Stockholm. Nagara iki wewatesan karo Nurwègen ing sisih kulan lan Finlan ing sisih lor-wétan, Selat Skagerrak lan Selat Kattegat ing sisih kidul-kulon, sarta Laut Baltik lan Lempongan Bothnia ing sisih wétan.
Konungariket Sverige | |
---|---|
Motto: -1 | |
Gunagita: 'Du gamla, Du fria (Basa Swédhen: "Panjenengan kang Tua, Panjenengan kang Bebas") | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Stockholm |
Jawatbasa | -2 |
Papréntahan | Monarkhi konstitusional, Parlementer |
• Raja | Carl XVI Gustaf |
• Nayakotama | Ulf Kristersson |
Konsolidasi | |
• Banyu (%) | 8,67% |
Population | |
• Pikira-kira 2018 | 10.151.588 (88) |
• Cacahjiwa 2002 | 8.940.788 (perk.) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | $267 milyar (34) |
• Saben wong | $29.544 (13) |
Artacihna | Krona Swèdhen (SEK) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
Kodhé bèl | 46 |
TLD internèt | .se |
1 För Sverige i tiden (basa Indonésia: Kanggo Swédhen; salawasé) dipigunakaké déning Carl XVI Gustaf minangka sesanti pribadi sajeroning tugas minangka ratu Swèdhen.
2 Basa Swédhen iku basa nasional de facto Swédhen. Saliyané iku, ana 5 basa liyané kang diakon kanthi resmi minangka basa minoritas. |
Ana ing taun 1995 Swèdhen gabung sajeroning Uni Éropa nanging nganti saiki Swèdhen isih durung gabung sajeroning Persatuan Moneter Éropa. Swèdhen kalebu nagara maju lan rakyaté nampa pelayanan publik kang apik.
Kapadetan sing ndunungi Swèdhen endhèk banget, séjéné ing laladan metropolitan. Ora ana basa resmi nanging kanthi de facto, basa resminé yaiku basa Swèdhen utawa Svenska ditambah 5 basa minoritas liyané.
Swèdhen minangka salah sawijining nagara paling miskin ing Éropa ing abad angka 19, disebabaké déning konsumsi alkohol kang dhuwur lan dogmatik Protestanisme. Kaanan mau owah nalika transportasi lan komunikasi tumuwuh ngidinaké pemanfaatan aset alam saka sawatara pérangan nagara, kang misuwur yaiku kayu lan bijih wesi. Saiki, nagara iki diarani liberal lan pepénginan kanyamaan kang kuwat, lan lumrahé ana ing urutan nduwur ana ing Indhèks Pengembangan Manusia PBB.
Kutha krajan nagara pangasil mobil Volvo iki yaiku Stockholm. Sing ndunungi sangang yuta jiwa manggoni punjul 440.000 km² saéngga nagara iki dadi urutan angka 155 sajeroning kapadetan sing ndunungi donya.