Maryam
From Wikipedia, the free encyclopedia
Maryam (Arab: مريم, salin aksara Maryam, basa Aram: מרים, Maryam utawa Mariam), sinebut Maria ing agama Nasrani, yaiku paraga saka Al-Qur'an lan Alkitab. Panjenengane yaiku ibu 'Kanjeng Nabi Isa alaihissalam. Miturut kapitayan Islam lan Nasrani, Maryam mbobot Kanjeng Nabi 'Isa kanthi cara kang ora kaya mbobote para wanita samesthine, yaiku ing kahanan prawan lan tanpa garwa kakung.[1][2]
Sunyata Rikat
|
Tutup
Maryam kalebu paraga kang dikurmati ing tradhisi Islam lan Nasrani. Ya mung dheweke wong wadon sing jenenge kasebut ing Kuran lan kalebu wong sing jenenge didadekake jeneng surat. Kasebut ing riwayat kadis yen Maryam kalebu salah sawijining papat wanita kang paling becik ing sadawaning jaman.