Komune ing Prancis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Commune minangka tingkat paling andhap saking pérangan administratif wonten ing Républik Prancis.[1] Tembung commune wonten ing basa Prancis medal wonten ing abad kaping 12, saking Basa Latin Pertengahan, communia, ateges sekempalan alit tiyang ingkang sami wonten ing pagesangan saben dinten, saking Basa Latin communis, satunggaling bab ingkang dipuntindakaken sesarengan.
Komune Prancis sami kaliyan kotamadya/kutha wonten ing Amérikah Sarékat utawi Gemeinden wonten ing Jerman. Komune Prancis boten gadhah pepadhan wonten ing Karajan Manunggal, gadhah status wonten ing sawijining papan antawising dhistrik lan paroki sipil Inggris.
Sawijining komune Prancis saged wujud kutha kanthi penduduk 2 juta jiwa kados ta Paris, kutha alit kanthi cacahing penduduk 10.000 jiwa, utawi namung désa kanthi penduduk 10 jiwa.