Bordeaux
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bordeaux (pocaping cara Prancis: [bɔʁ.do]) inggih punika salah satunggalipun kitha ingkang wonten ing Prancis.[3] Bordeaux dipunsebat kitha plabuhan ingkang mapan ing kidul-kilèn Prancis.[3] Bordeaux punika kutha krajanipun wewengkon administratif Aquitaine, lan mlebet Dhépartemèn Gironde.[4] Kitha Bordeaux dados kitha paling ageng urutan kaping gangsal ing Prancis, sasampunipun Paris, Lyon, Marseille lan Lille.[5] Taun 2007 Kitha Bordeaux dipunresmékaken minangka situs warisan donya UNESCO.[5]
| |||
Lambang Kitha Bordeaux | |||
Nagara | Prancis | ||
Wewengkon Administratif | Aquitaine[1] | ||
Dhépartemèn | Gironde[1] | ||
Gubernur | Alain Juppé (2008–2014) | ||
Wewengkon -Wiyaripun: |
49.36 km² | ||
Padunung -Total (2008): -Kapadhetan: |
213.000 (2008) 4 921,9 jiwa/km²[2] | ||
Tetenger Wébsite | www |
Bordeaux misuwur minangka Kitha Anggur.[3] Bordeaux sampun mrodhuksi anggur awit abad angka 8.[3] Kitha punika dados panyelenggara adicara pamèran indhustri anggur Vinexpo.[3] Bordeaux ugi dados kitha kanggé panalitén babagan militèr.[3]
Bordeaux kalebet punjering sajarah nagara Prancis ingkang gadhah manéka warni wangunan kanthi arsitèktur ingkang saé, dipundamel ing jaman kapengker, ingkang ngantos kawitanipun abad kalih dasa taksih dipunjagi.[6] Sasampunipun wangunan Kitha Paris, wangunan ing Kitha Bordeaux punika wangunan ingkang dipunreksa déning pamaréntah Prancis.[6] Bordeaux dipunakeni gadhah jasa minangka punjering sajarah Prancis awit abad kalih welas.[6]