Plabuhan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Plabuhan yaiku fasilitas kang nan ing pinggir samodra, kali, utawa tlaga kanggo sandhar kapal lan mindhahaké barang kargo lan penumpang.[1] Plabuhan racaké duwé piranti-piranti kang dirancang mligi kanggo ngamot lan mbongkar momotan kapal-kapal sing labuh.[1] Crane lan gudhang nganggo piranti pendingin uga disediakaké déning pihak pengelola utawa swasta kang duwé kepentingan.[1] Kerep uga ing saubengé plabuhan dibangun fasilitas penunjang kaya pabrik pengalèngan lan pemrosèsan barang.[1] Peraturan Pamaréntah RI No.69 Taun 2001 ngatur ngenani plabuhan, fungsi lan penyelengaraan pelabuhan.[2]