Keju
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kèju sekang basa Portugis: queijo kuwe panganan sing digawe sekang susu.[1] Wondéné susu sing kanggé asringipun inggih susu sapi. Sabèntenipun saged ugi nganggé susu méndha, keledhe, kapal kaliyan unta.[2]
Kèju anggènipun ndamel sekang susu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha mboten bosok.[2] Kèju nggadahi sedaya kadungan wonten susu inggih kadosta :protein, vitamin, mineral, kalsium, vitamin B12, zink, lan fosfor ningen uga lemak lan kolesterol sing saged damel penyebab masalah kesehatan saumpami dipun konsumsi kekathahen.[3] Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, ningen keju dugaane asale sekang Timur Tengah.[1] Senajan ora ana kapesthen sekang ngendi keju kui, ningen miturut legenda keju ditemokake sepisanan pangembara sekang arab.[2]