Yoann Gourcuff
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yoann Gourcuff (lair ing Ploemeur, Bretagne, 11 Juli 1986; umur 37 taun) inggih punika salah satunggaling juru main Bal-balan asal Prancis. Posisinipun minangka glandhang.[2][3] Wiwit mangsa 2006-2007 piyambakipun main kanggé Olympique Lyonnais. Gourcuff kados ingkang sampun kaandharaken déning mantan juru main timnas Prancis, David Ginola, minangka juru main paling apik wonten ing generasinipun.[4][5] Saking gaya main lan kemampuanipun, piyambakipun lajeng kabandhingaken kaliyan Legenda Prancis, Zinedine Zidane.[6]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Yoann Miguel Gourcuff[1] | ||
Dhuwur | 1.86 m (6 ft 1 in) | ||
Posisi main | Geladang serang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Lyon | ||
Angka | 29 | ||
Karir nom | |||
1992–2001 | Lorient | ||
1998–2001 | PEF Ploufragan | ||
2001–2003 | Rennes | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2003–2006 | Rennes | 66 | (6) |
2006–2009 | Milan | 36 | (1) |
2008–2009 | → Bordeaux (pinjaman) | 37 | (12) |
2009–2010 | Bordeaux | 32 | (6) |
2010–kini | Lyon | 40 | (9) |
Tim nasional‡ | |||
2002–2003 | U-17 Prancis | 12 | (2) |
2003 | U-18 Prancis | 4 | (1) |
2004–2005 | U-19 Prancis | 17 | (7) |
2006–2008 | U-21 Prancis | 18 | (4) |
2008– | Prancis | 28 | (4) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 30 Oktober 2010. |
Taun 2001 piyambakipun kagabung kaliyan Rennes saking FC Lorient. Éwadéné pikantuk tawaran saking Ajax Amsterdam lan Arsenal F.C., Gourcuff langkung milih tetep wonten ing Rennes nalika piyambakipun resmi minangka juru main profésional nalika taun 2003. Saking mangsa 03/04 dumugi 05/06 piyambakipun main kanggé Rennes wonten ing Liga Prancis (Ligue 1). Nalika wonten ing Rennes piyambakipun naté main wonten ing Piala UEFA, Piala Prancis, lan Piala Liga (Prancis). Kajawi punika, piyambakipun ugi sampun ndhèrèk tim nasional bal-balan Prancis ing tingkat U-21.
Yoann minangka putra saking Christian Gourcuff, satunggaling pelatih sarta mantan juru main bal-balan.[7] Sasampuning kemajuanipun wonten ing tim junior, Gourchuff lajeng mlebet ing tim sènior, Gourchuff ingkang rikat dados juru main ingkang apik, langsung dipunminati déning klub Italia, AC Milan.[8] Gourchuff narik kawigatosan saking kathah klub apik, éwadéné makaten, piyambakipun boten naté mlebet ing starting eleven, saèngga kasilihaken dhateng klub saking nagara asalipun, inggih punika Bordeaux.[9] Ndhèrèkaken mangsa ingkang sukssè, ing pundi Bordeaux saged ngrebut double winner, lan Gourcuff pikantuk sapérangan pangaji-aji individu ingkang damel piyambakipun lajeng napak asmani kontrak kanthi permanèn.[10] Gourcuff dados Pemain paling apik Prancis taun punika (pikantuk pangaji-aji UNFP Ligue 1.[11] Agustus 2010, piyambakipun pindhah dhateng Lyon kanthi kontrak gangsal taun.
Gourcuff minangka juru main Internasional Prancis. Sadèrnègipun main wonten ing tingkat sènior, langkung rumiyin piyammbakipun main wonten ing Tim Nasional Prancis U-19, ingkang menangaken kejuaraan European Under-19 Football Championship taun 2005. Piyambakipun miwiti debut kanggé tim sènior nalika wulan agustus 2008.[12] Gourcuff damel gol internasional kapisananipun kalih wulan candhakipun nalika nglawan tim nasional Rumania.[13] Gourcuff main kapisanan wonten ing tetandhingan ing tunamèn ageng kanggé Prancis nalika Piala Donya FIFA 2010. Wiwit kagabung kaliyan tim nasional, piyambakipun kaposisikaken wonten ing gelandhang (playmaker), posisi ingkang dipuntilaraken lan boten dipunisi wiwit Zidane pènsiun taun 2006.[14]