Walt Disney
From Wikipedia, the free encyclopedia
Walter Elias Disney utawa luwih ditepungi minangka Walt Disney (5 Dhésèmber 1901 — 15 Dhésèmber 1966) iku prodhuser filem, sutradara, animator, lan pangisi swara kabangsan Amérikah Sarékat. Disney misuwur amarga pengaruhé marang donya hiburan ing abad angka 20. Minangka péranganing sing ngadegaké Walt Disney Productions (bebarengan karo Roy O. Disney), Disney dadi salah siji prodhuser filem lan penerbit filem paling misuwur ing donya. Parusahan sing diadegaké, dikenal kanthi jeneng The Walt Disney Company, saiki duwé pametu taunan watara $35 milyar.
Walt E. Disney | |
---|---|
Lair | Walter Elias Disney (1901-12-05)5 Dhésèmber 1901[1] Chicago, Illinois, U.S. |
Pati | Dhésèmber 15, 1966(1966-12-15) (umur 65) Burbank, California, U.S. |
Pakaryan | Produser filem, ko-pendiri The Walt Disney Company, biyèn ditepungi minangka Walt Disney Productions |
Taun aktif | 1920–1966 |
Bojo | Lillian Bounds |
Tandha tangan | |
Disney misuwur minangka prodhuser filem lan showman, lan uga inovator sajeroning babagan animasi lan desain taman dolanan. Disney lan anak buahé nyiptakaké manéka karakter misuwur, kaya Miki Tikus sing diswarakaké déning Disney dhéwé. Disney wis menangaké 26 Academy Awards saka 59 nominasi.[2] Saliyané iku, Disney uga déning 7 Emmy Awards.