Universitas Uppsala
From Wikipedia, the free encyclopedia
Universitas Uppsala (basa Swèdhen: Uppsala universitet) iku sawijining universitas ing Uppsala, Swèdhen, 64 kilomèter sisih lor-kuloné kutha Stockholm. Universitas iki diadegaké taun 1477 lan minangka universitas tuwa dhéwé ing Skandinavia.
Universitas Uppsala Uppsala universitet | |
---|---|
Jeneng latin | Universitas Regia Upsaliensis atau Academia Regia Upsaliensis |
Diadegaké | 1477 |
Jenis | Negeri |
Motto | Gratiae veritas naturae (Truth through God's mercy and nature) |
Rector magnificus | Prof. Anders Hallberg |
Sarjana | 40.000 |
Dhoktor | 2.400 |
Lokasi | Uppsala, Swèdhen |
Situs web | http://www.uu.se/ |
Universitas iki wis maabad-abad dadi papan wigati tumrap ngèlmu kawruh lan pasinaonan, diwakili déning jeneng-jeneng kaya Linnaeus, Celsius, lan Ångström, lan sabanjuré déning sawatara peraih Bebungah Nobel sajeroning babagan ngèlmu alam - kaya déné Svante August Arrhenius. Saliyané iku, Uppsala duwé prabawa gedhé tumrap idhèntitas nasional lan budaya Swèdhen liwat tokoh kaya déné August Strindberg.
Ana sangang fakultas ing Universitas Uppsala. Ana watara 40.000 mahasiswa kang pinuju nempuh studi sarjana utawa program profésional, lan watara 2.400 mahasiswa program dhoktor. Ana 3.800 tenaga pengajar saka gunggung 6.000 punggawa.