Umberto Eco
From Wikipedia, the free encyclopedia
Umberto Eco ya iku sastrawan, kritikus sastra, novèlis, ahli semiotika.[1] Pakaryané kang kondhang ya iku Il Nome della Rosa utawa The Name of the Rose taun 1980.[1][2]
This Artikel iki kaca lola, amarga ora ana artikel liya sing nggayut kaca iki. Mangga wènèhi pranala nyang kaca iki lumantar artikel-artikel magepokan. (Oktober 2016) |
Umberto Eco | |
---|---|
Lair | (1932-01-05)5 Januari 1932 Alessandria, Piedmont, Itali |
Pati | 19 Fèbruari 2016(2016-02-19) (umur 84) Milan, Lombardy, Itali |
Alma mater | Universitas Turin |
Bojo | Renate Ramge |
Kala | Filsafat abad angka 20/angka 21 |
Tlatah | Filsafat Kulonan |
Aliran | Filsafat buwana |
Karsa pokok | Sèmiotik |
Gantha misuwur | "Karya tinarbuka" (opera aperta), "pikareping para maca" ("intentio lectoris"), "wewates" ing rasa pangrasa |
Maribawani
| |
Tandha tangan | |
Dhèwèké lair ana Alessandria, Italia, tanggal 5 Januari 1932.[1] Séda ana Milan, Italia, tanggal 19 Fèbruari 2016.[1]
Dhèwèké pirang-pirang taun dadi jurnalis ana Milan, nyunting program budaya ana tv negri Itali RAI.[2] Taun 1959 nganti 1979, dhèwèké dadi édhitor sénior non-fiksi ana penerbitan Bompiani.[2]
Dhèwèké dadi modél intelèktual Éropa, kang nggawé idé-idé komplèks bisa digapé, ndelok kanthi skèptis budaya lan pulitik; kang mung bisa teka saka pandhengan sajarah kang amba.[3] Eco ya iku salah sijining wong, saka sithik, kang bisa minangka nyawijining magnèt wacan fiksi karo kautaman sastra gedhé.[3]