Trombosit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Trombosit utawi keping getih (Keping darah, lempeng darah) (en:platelet, thrombocyte) (el:θρόμβος - "klot" dan κύτος - "sel") inggih punika sèl anuclear nulliploid (boten gadhah inti sèl (nukleus) wonten ing DNA-nipun) kanthi mbentuk wangun ingkang boten rapi kanthi ukuran diameter 2-3 µm[1] ingkang minangka fragmentasi saking megakariosit.[2]. Trombosit kesirkulasi ing salebeting getih lan ndhèrèk ing mekanisme hemostasis tingkat sèl ing prosès koagulasi kanthi mbentuk trombus. Perbandhingan plasma getih trombosit normal udakawis 200.000-300.000 keping/mm³, gunggung sangandhapipun kasebat saged anjalari perdarahan, déné manawi wonten sanginggilipun rentang gunggung punika saged mindhakaken resiko trombosis.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |