Transformator
From Wikipedia, the free encyclopedia
Transformator utawa yah ya iku piranti kang minangka ngunggahaké utawa midunaké tegangan bolak-balik (AC).[1] Transformator kasusun saka 3 komponèn ya iku: Kumparan pertama (primer) kang fungsiné minangka input, Kumparan kapindho (skundèr) kang funsiné minangka output lan inti wesi kang fungsiné minangka nguwataké médan magnèt kang dikasilaké.[1] Tranformator kasusun déning inti wesi, kumparan primer, lan kumparan sekunder. Pengertian transformator duwé 2 terminal ya iku, terminal imput ana ing kumparan primer, lan kumparan output ana ing kumparan sekunder. Kanti trnsformator, generator (380 volt), saluran transmisi (150 volt) bisa kerja bebarengan ing teganggan kang béda. wujud dhasar saka pengertian transformator ya iku sepasang pucuk kang pérangan primer lan sepasang pucuk ing pérangan sekunder. Pérangan primer lan sekunder wujud lilitan kawat email kang ora sinanmbungan kanthi elastis. Kaloro lilitan kawat iki dililitaké ing salh sijiné inti kang dijenengi trafo. Lumrahé inti pengertian transformator mau saka lempengan wesi kang disusun dadi siji kang mbéntuk teras wesi. Wondéné trafo frekuensi dhuwur digunakaké ing rerangkèn radio kang gunakaké inti ferit.[1]