Tawon undhuhan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tawon undhuhan utawa tawon madu ya iku jinis tawon kang bisa ngasilaké madu, ya iku kulawarga tawon saka génus Apis. Hasil utama kang dimanpangatake déning manungsa saka kéwan iki ya iku madu, polen, royal jelly lan lilin malam kanggo mbathik saka talane. Saka udakara 20.000 spésies tawon, mung jinis tawon saka génus Apis iki kang bisa ngasilaké madu sajati kang cacahé ana udakara 7 spésies.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Species ...
Tawon madu Kalamangsa: Oligocene–Recent | |
---|---|
Tawon madu nyesep kembang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Hymenoptera |
Famili: | Apidae |
Subfamili: | Apinae |
Tribe: | Apini Latreille, 1802 |
Génus: | Apis Linnaeus, 1758 |
Species | |
|
Tutup
Tawon undhuhan urip nggrombol ana susuhe kang wujud lembaran-lembaran tala, kang duwé bolongan-bolongan cilik segi-enem papan nyimpen larvane, polen lan madu.