Kambriyum
kurun wektu kapisan ing jaman paleozoikum / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kambriyum iku période sajeroning skala wektu géologi kang diwiwiti watara 542 ± 1,0 jtl (yuta taun kapungkur) dipungkasi eon Proterozoikum lan mungkasi watara 488,3 ± 1,7 jtl kanthi diwiwitiné période Ordovisium. Période iki minangka période pisanan éra Paleozoikum saka eon Fanerozoikum. Jeneng "Kambriyum" asal saka Cambria, jeneng klasik tumrap Wales, wewengkon asal watuan saka période iki pisanan disinanoni.