Steve Jobs
From Wikipedia, the free encyclopedia
Steven Paul Jobs (miyos 24 Fèbruari 1955-tilar donya 5 Oktober 2011) punika pamimpin perusahaan Apple Computer lan tokoh baku ing indhustri komputer. Panjenenganipun (kaliyan Steve Wozniak) ngedegaken Apple Computer ing taun 1976, lan masarakataken konsèp komputer ing rumah tangga kanthi Apple II. Salajengipun, panjenenganipun dados salah satunggiling tiyang ingkang sepisanan ngawuningani poténsi kanggé ngomersialaken antarmuka naragina grafis (graphical user interface) lan mouse kang dipunkembangaken ing Palo Alto Research Center perusahaan Xerox, lan tèknologi punika salajengipun dipunterapaken ing Apple Macintosh. Jobs ugi mandhégani Pixar Animation Studios, satunggaling perusahaan komputer animasi misuwur ing donya layar wiyar.
Sunyata Rikat Lair, Pati ...
Steve Jobs | |
---|---|
Lair | Abdul Lateef Jandali[1] (1955-02-24)24 Fèbruari 1955[2] San Francisco, California, AS[2] |
Pati | Oktober 5, 2011(2011-10-05) (umur 56) Palo Alto, California, AS |
Bangsa | Amérikah Sarékat |
Alma mater | Reed College (keluar taun 1972) |
Pakaryan | Ketua, Apple Inc.[3] |
Gajih | US$1[4][5][6][7] |
Bebathèn resik | $8,3 miliar (2011)[8] |
Anggota paheman | The Walt Disney Company,[9] Apple, Inc. |
Bojo | Laurene Powell (1991–2011, kematian Jobs) |
Anak | 4 |
Dulur | Mona Simpson (adik) |
Tandha tangan | |
Tutup