Sporangium
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sporangium (jamak sporangia[1]) (basa Latin mdoern, saha basa Yunani kuna σπόρος (sporos) 'spora' + αγγείον (angèion) 'wadhah') inggih punika panggènan ingkang wujud spora.[2] Sporangium saged kapèrang saking sétunggal sèl utawi ugi saged dados multisel. Sedaya tanéman, jamur, lan kathah makluk urip sanès ingkang ngasilaken sporangium ing wekdal katamtu ing siklus kauripan. Sporangium saged ngasilaken spora kanthi cara mitosis, nanging manawi sadaya taneman darat ingkang kathah jinis fungsi, sporangium punika panggènan kalangsungan meiosis saha kanthi genetis ngasilaken spora dkaliyan haploid ingkang bènten. Sporangium inggih punika sel, struktur, utawi organ ingkang wujud spora ing dalem.[3] Sporangiaum ing antawis jamur sajati namung Chytridiomycota saha Zygomycota produksi kanthi sèksual kanthi cara sporangia. Chytridiomycota piyambak inggih punika pinten-pinten kelompok jamur. Manawi punika gadhah sajarah kauripan ingkang prasaja kaliyan meiosis zigotik utawa kadas ing parasit nyamuk Coelomomyces kompleks siklus diplobiontic. Ing sadaya kasusu reproduksi kanthi cara sporangiospores, spora dipuntanggung ing sporangia ing panggènan meiosis inti diploid.