SpaceX
From Wikipedia, the free encyclopedia
Space Exploration Technologies Corp. ingkang asring diarani SpaceX, punika perusahaan pabrikan pesawat antariksa saking Amérika, panyedhiya layanan peluncuran, kontraktor pertahanan, lan perusahaan komunikasi satelit ingkang bermarkas ing Hawthorne, California. Perusahaan punika dipundhirikan ing taun 2002 déning Elon Musk kaliyan tujuan kanggé ngirangi biaya transportasi antariksa lan kanggé colonization of ngolonisasi Mars. Perusahaan punika saiki ngoperasikaken roket Falcon 9 lan Falcon Heavy, ugi wahana antariksa Dragon lan Starship. Perusahaan punika nyedhiyakaken layanan internet liwat satelit-satelit Starlink piyambak, ingkang dados satelit konstelasi ageng dhéwé ing Januari 2020 lan ngantos November 2023, kalebet luwih saking 5,000 satelit alit ing orbit.[7]
Trade name | SpaceX |
---|---|
Type | Swasta |
Industry |
|
Founded | Maret 14, 2002; 21 taun kapungkur (2002-03-14) in El Segundo, California, U.S.[1] |
Founder | Elon Musk |
Headquarters | United States |
Key people | |
Products |
|
Revenue | US$4,6 billion (2022)[4] |
Net income | −US$559 million (2022)[4] |
Owner | Elon Musk (42% ekuitas; 79% swara)[5] |
Number of employees | 13,000+[6] (September 2023) |
Subsidiaries | Swarm Technologies |
Website | spacex.com |
Saweg, perusahaan punika ngrembaka Starship, sistem peluncuran super berat sakabèhé saged digunakaken malih (fully-reusable), lan layak manungsa, kanggé penerbangan antarplanèt lan penerbangan orbital. Ing penerbangan kapisanipun ing April 2023, punika dados roket ageng lan paling kuwat ingkang sampun mabur. Roket punika tekan antariksa ing penerbangan kaping kalih ingkang wonten ing November 2023.
SpaceX punika perusahaan swasta kapisan ingkang ngrembaka roket propelan cair ingkang sampun nggayuh orbit; kanggé meluncur, ngorbit, lan mbalèkaken wahana antariksa; kanggé ngintunaken wahana antariksa dhateng Stasiun Antariksa Internasional; lan kanggé ngintunaken astronot dhateng Stasiun Antariksa Internasional. Ugi dados organisasi kapisan saking sembarang wujud ingkang nggayuh panglandasan vertikal propulsif booster roket orbital lan kapisan ingkang nggunakaken manèh booster makaten. Roket Falcon 9 saking perusahaan punika sampun mendarat lan mabur malih langkung saking 200 kali.[8] Dhumateng tanggal Desember 2023, SpaceX gadhah valuasi sakitar $180 milyar.[9][10]