Slèdri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Slèdri yaiku salah siji tuwuhan kang lumrah kita wéruhi ana sayur kaya ta sop, bakso, capcay lan salad.[1] Slèdri iku bisa dadi obat lelara kulit, saliyané iku uga bisa kanggo ngilangaké racun ing getih lan warasaké alèrgi.[1] Saliyané digawé campuran samubarang slèdri uga bisa dicampur karo tuwuhan liya kaya ta timun, wortel, lan bit.[1] Slèdri sing jeneng latiné Apium Graveolens wis ana ing Éropah kidul kurang luwih ing abad 15.[1] Tuwuhan iki wis misuwur minangka tamba utawa jamu, saliyané iku uga bisa kanggo nyedhepaké masakan.[1] Slèdri iki pranyata nduwé munpanggat kanggo ngilangaké ambu cangkem kang ora sedhep.[2] Amarga tuwuhan iki bisa nambahi ngundhakaké produksi idu ana njero cangkem kita kang ampuh banget ngresiki baktèri kang ala sing bisa dadékaké mambu cangekemé dhéwé.[2] Mula iku aja mamang yèn ta mamah tuwuhan iki.[2]
Slèdri | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Apiales |
Famili: | Apiaceae |
Génus: | Apium |
Spésies: | A. graveolens |
Jeneng binomial | |
Apium graveolens L. | |
Ing nagara-nagara maju akèh banget sing wis bisa manfaataké sakabèhing pérangan sing ana ing wit slèdri, nganti ora ana pérangan sing disingkrihi.[3] Pranyata akèh banget ing Indonésia kang gampang tinemu ing laladan pagunungan kang uripé alasan ana alas.[3] Kaya ta ing laladan Yogyakarta, Pulo Jawa, Bali, Lombok, NTT lan sacedhaké.[3] Mumpangataké slèdri adoh sangisore 50% saka kasil panèn, sisané mung dijarké alum lan dadi lapuk bareng lemah.[3]