Sistem Pemosisi Global
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sistem Pemosisi Global [1] (basa Inggris: Global Positioning System (GPS)) inggih punika sistem kanggé némtoakén panggénan ing lumah bumi kaliyan bantuan penyelarasan (synchronization) sinyal satelit. Sistém punika ngginaakén 24 satelit ingkang ngirimakén sinyal gelombang mikro ing Donya. Sinyal punika dipuntampi déning piranti penampi ing lumah, lan ngginaakèn kanggé nèmtuakèn panggènan, kecepatan, arah, lan wekdal. Sistem ingkang sami kaliyan GPS antawisipun GLONASS Ruslan, Galileo Uni Éropah, IRNSS India. Sistèm punika dipunrèmbagakèn déning Departemen Pertahanan Amérikah Sarékat, kaliyan asma jangkepipun inggih punika NAVSTAR GPS (kesalahan umum inggih punika bahwa NAVSTAR inggih punika sebuah singkatan, punika ya iku lèpat, NAVSTAR inggih punika asma ingkang dipunparingakè déning John Walsh, seorang penentu kebijakan ingkang wigati ing program GPS).[2] Kumpulan satelit punika dipunurus déning 50th Space Wing Angkatan Udara Amérikah Sarékat. Biaya perawatan sistem punika sawatawis US$750 yuta per taun,[3] kalebet penggantian satelit lama, sarta riset lan pengembangan.
GPS Tracker utawi asring dipunsebat kaliyan GPS Tracking inggih punika tèknologi AVL (Automated Vehicle Locater) ingkang memungkinkan ngginakaken kanggé melacak posisi kendaraan, armada utawi mobil ing kaanan Real-Time. GPS Tracking mupangati kombinasi tèknologi GSM lan GPS kanggé nemtokaken koordinat sebuah obyek, lajeng nerjemahaken ing wujud peta digital.