Senja di Jakarta
Buku / From Wikipedia, the free encyclopedia
Senja di Jakarta ya iku novèl kang rampung dianggit déning Mochtar Lubis ing sasi Maret 1957, nalika dhèwèké didadèkaké tahanan omah papréntahan Orde Lama.[1][2][3] Novèl iki mauné nganggo sesirah "Yang Terindjak dan Melawan".[4] Ing taun 1967, Senja di Jakarta diangkat ing pilem kelir amba déning sutradhara Nico Pelamonia saka Tuti Mutia Film Production tanpa ana owah-owahan sesirah.[5][6] Pilem iku nambah banjaran novèl Indonésia, kalebu Senja di Jakarta, kinarya wujud reproduksi sastra kang ora ndelokaké tataran pawiyatan masarakat.[7]