Reims
From Wikipedia, the free encyclopedia
Reims (/[unsupported input]ˈriːmz/; utawi Rheims; French: [ʁɛ̃s]), inggih punika salah satunggaling kitha ing Prancis ingkang mlebet wewengkon administratif Champagne-Ardenne. Saking Kitha Paris tebihipun watawis 130 km utawi 80 mil sisih lèr wétan.[1]
| |||
Kitha Reims Logo Reims | |||
Nagara | Prancis | ||
Wewengkon Administratif | Champagne-Ardenne | ||
Dhépartemèn | Marne | ||
Gubernur | Adeline Hazan (2008-2014) | ||
Wewengkon -Wiyaripun: |
47,02 km² | ||
Padunung -Total (2004): -Kapadhetan: |
179 992 (2010) 318 000/km² |
Reims kalebet kitha kagunan lan sajarah ing Prancis ingkang sampun dipunakeni minangka Situs warisan donya UNESCO.[2] Kajawi punika Reims ugi misuwur minangka kitha sampanye lan tèkstil.[3] Sampanye lan tèkstil punika dados satunggaling kakiyatan ékonomi Reims.[3]
Reims dipunsebat dados salah satunggalipun kitha wigati lan gadhah pangaribawa ingkang ageng tumrap sajarah Prancis.[3] Bab punika dipunsebabaken amargi Reims asring kanggé pahargyan (upacara) ingkang wigati ing salebetipun sajarah monarki Prancis. Sampun langkung saking sedasa abad dangunipun Reims dipundadosaken kanggé jumenengan raja-raja Prancis. Kacathet wiwit saking Louis ingkang Saléh ing taun 816 M ngantos dumugi Charles X taun 1825 M dipunjumenengaken ing kitha punika. Awit saking punika Reims misuwur minangka Kitha Jumenengan utawi Kitha Raja.[4]