Pteranodon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pteranodon (uniné /tɨˈrænədɒn/; saka basa Yunani Kuno πτερ-"swiwi" lan αν-οδων"rak duwé untu")saka akir jaman Cretaceous,ya iku salah sijining génus pterosauria sing gedhé dhéwé lan duwé epek-epek swiwi sing paling maksimal, ya iku ambané punjul 6 mèter (20 kaki).[1] Pteranodon iku dingerteni saka akèhé fosil sing spesimene paling akèh tinemu lan paling komplit,ya iku sawatara 1200 spésimèn sing dingerteni déning para ilmuwan.[2] Akèh saka spésimèn-spésimèn mau sing tinemu ing kaanan sing jangkep. Pteranodon iku sawijining reptil nanging ora kalebu jinis dinosaurus.[2] Definisine, kabèh dinosaurus kebagi ing kelompok Saurichia lan Ornithischia,kajaba Pterosaurus.[3] Nanging, sanajan kaya mangkono, Pteranodon iku tansah kapacak ing buku-buku dinosaurus lan wis kaloka ing khalayak umum minangka dinosaurus.[3]
Pteranodon Kalamangsa: Mid-Late Cretaceous | |
---|---|
Pteranodon sternbergi | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Sauropsida |
Ordho: | Pterosauria |
Subordho: | Pterodactyloidea |
Superfamili: | Ornithocheiroidea |
Famili: | Pteranodontidae |
Génus: | Pteranodon Marsh, 1876 |
Species | |
|