Prau panumpes Jepang Amagiri (1930)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Amagiri (天霧, Prau Amagiri? Pedhut swarga)[1] iku prau panumpes klas Fubuki kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka limo ing subklas Ayanami. Prauné minangka prau angka siji kang kaaran mitrut jenengé "Amagiri".
Amagiri kapernahaké rikala 28 Novèmber 1928 déning IHI Corporation; banjur kababar rikala 27 Fèbruari 1930. Prau iki kinepyakaké rikala 10 Novèmber 1930 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Keikichi Chousa.[2] Prau iki kèrem rikala 23 April 1944 ing Supitan Makassar cedhak Balikpapan (02°10′S 116°45′E).[3]