Perang Salib Kapindho
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Salib Kapindho (1145–1149) ya iku perang salib kapindho kang digawé saka Éropah. Perang iki kadadéan amarga kalahé County Edessa ing taun sadurungé. Edessa ya iku nagara wadya salib kang kapisan didekné sasuwené Perang Salib Kapisan (1095–1099), lan uga nagara kang kapisan kalah. Perang Salib Kaloro diumumaké déning Paus Eugenius III, lan minangka Perang Salib kapisan kang dipanggedhèni déning ratu-ratu Éropah, kaya ta Louis VII saka Prancis lan Conrad III saka Jerman, kanthi bantuan saka bangsawan-bangsawan Éropah wigati liyané. Pasukan-prajurit kaloro ratu mau obah nyeberangi Éropah kanthi kapisah lan sithik kalangan déning kaisar Romawi Etan, Manuel I Comnenus. Sawisé nglewati Bizantium lan lumebu ing Anatolia, prajurit-prajurit kaloro ratu mau dikalahaké déning wadya Seljuk. Louis, Conrad, lan sisa saka wadyabalaé wes kasil tekan Yerusalem lan ngirim serangan kang "salah" ing Damaskus ing taun 1148. Perang Salib ing Etan éntuk kamenangan. Gagalé iki nyurung babagan tibané kutha Yerusalem lan Perang Salib Katelu ing abad angka 12.
Perang Salib Kapindho | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing Perang Salib | |||||||||
Peta taun 1140 kang nuduhaké tibané Edessa ing pérangan tengen peta, kang sebab kadadeyané Perang Salib Kaloro. | |||||||||
| |||||||||
Péhak kang perang | |||||||||
Wadya Salib |
| ||||||||
Pangarep | |||||||||
Melisende dari Yerusalem Baldwin III dari Yerusalem Raymond II Raymond dari Poitiers Manuel I Komnenos Thoros II Afonso I dari Portugal Alfonso VII dari León Conrad III dari Jerman Ottokar III dari Styria Louis VII dari Prancis Thierry dari Elsas Stephen dari Inggris Geoffrey V | Mesud I Tashfin bin Alibr Ibrahim bin Tashfin Ishaq bin Ali Abdul Mu'min Imad ad-Din Zengi Saif ad-Din Ghazi I Al-Muqtafi Al-Hafiz | ||||||||
Kakuwatan | |||||||||
Jerman: 20.000 wadya[1]Prancis: 15.000 wadya[2] |
Wadya salib kang bisa éntuk kamenangan ya iku gabungan wadya salib Flandria, Frisia, Normandia, Inggris, Sekotlan, lan Jerman Panjenengané numpak kapal pinuju Tanah Suci. Ing tengah lelampahan, wadya mau mandek lan mbiyantu bangsa Portugis ngrebut Lisboa taun 1147. Saliyané iku, Perang Salib Lor dikobarké munangka upaya kanggo ngubah wong-wong kang nganut paganisme dadi iman karo Kristen, lan panjenengané kudu berjuang sasuwené pirang-pirang abad.