Perang Sadulur Amérika
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Sadulur Amérika (Inggris: American Civil War) ya iku perang sadulur ing Amérikah Sarékat saka taun 1861 nganti 1865. Union ngadhepi secessionists ing sewelas nagara Kidul diklompokaké minangka Konfederasi Amérika. Union menang perang, kang tetep paling berdarah ing sajarah AS.
Perang Sadulur Amérika | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Saarah jarum jam saka ndhuwur: Pertempuran Gettysburg, Union Captain John Tidball's artillery, Confederate prisoners, ironclad USS Atlanta, reruntuhan Richmond, Virginia, Pertempuran Franklin | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
United States | Confederate States | ||||||
Pangarep | |||||||
Abraham Lincoln and others |
Jefferson Davis and others | ||||||
Kakuwatan | |||||||
2,200,000:[2]
|
| ||||||
Kurban | |||||||
110,000+ killed in action/died of wounds 365,000+ total dead[9] 282,000+ wounded[8] |
94,000+ killed in action/died of wounds[7] 26,000–31,000 died in Union prisons[8] 290,000+ total dead 137,000+ wounded | ||||||
50,000 civilians dead[10] Total: 705,000–900,000+ dead[11] |
Antarane 34 praja AS ing Januari 1861, pitu praja budak tlatah Kidul (Southern) mbiwara secession saka AS lan mangun Konfederasi Amérika. Perang pecah ing April 1861 nalika Konfederasi nyerang beteng AS Fort Sumter. Konfederasi tambah sewelas praja; Konfederasi ngeklaim rong praja liyané lan tlatah kulon Arizona. Konfederasi ora tau diakoni kanthi diplomasi déning nagara manca. praja kang tetep setya, kalebu nagara wewatesan ngendi batur tukon légal, mau Union utawa Lor (the North). Perang rampung kanthi nyerahé kabèh bala Konfederasi lan ambruké pamaréntah Konfederasi ing mangsa semi 1865.
Perang iki diwiwiti saka masalah batur tukon, mligi nyebaré batur tukon menyang tlatah kulon. Papat taun peperangan kuat ninggal 620.000-750.000 prajurit mati, jumlahé punjul pati militèr Amérika ing Perang Donya I lan Perang Donya II digabungaké, lan akèh infrastruktur Kidul kang dirusak. Konfederasi ambruk lan 4 yuta babu padha dibebaske (paling akèh déning Proklamasi Émansipasi Lincoln). Éra Rékonstruksi (1863-1877) sawisé perang ya iku prosès kanggo mulihake manunggaling nagara, nguwataké pamaréntahan nasional, lan mènèhi hak-hak sipil kanggo babu kang dibébasaké.