Arizona
From Wikipedia, the free encyclopedia
Arizona (IPA: /ˌærɪˈzoʊnə, ˌerɪ-/) iku praja Amérika Sarékat kang dumunung ing kidul-kulon. Kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé yaiku Phoenix. Lima kutha gedhé dhéwé liyané yaiku are Tucson, Mesa, Chandler, Glendale, lan Scottsdale.[3] Arizona iku minangka nomer 48 lan pungkasan saka praja ing Amérika Dharatan kang gabung menyang Union, yaiku ing tanggal 14 Fèbruari, 1912.[4] Arizona misuwur kanthi iklim ara-ara, panas banget ing mangsa panas lan amangsa anyep kang sedheng, lan tlatah dhataran dhuwur ing sisih lor kanthi alas pinus lan lemah pagunungan kanthi hawa kang luwih asrep tinimbang ing tlatah ara-ara kang luwih cendhèk. Populasi ing sasi Juli, 2006 nuduhaké yèn Arizona minangka praja kang tuwuh paling rikat ing Amérika Sarékat, ngluwihi tuwuhing praja Nevada kang sadurungé minangka praja kang paling rikat tuwuhing kang ndunungi.
State of Arizona | |||||||||||
| |||||||||||
Basa resmi | Inggris | ||||||||||
Basa wicara | Inggris 74.1%, Spanyol 19.5%, Navajo 1.9% | ||||||||||
Démonim | Arizonan | ||||||||||
Ibukutha | Phoenix | ||||||||||
Kutha paling gedhé | Phoenix | ||||||||||
metro area paling gedhé | Phoenix Metropolitan Area | ||||||||||
Area | Ranking 6th ing AS | ||||||||||
- Total | 113,998 sq mi (295,254 km²) | ||||||||||
- Jembar | 310 miles (500 km) | ||||||||||
- Dawa | 400 miles (645 km) | ||||||||||
- % banyu | 0.32 | ||||||||||
- Garis lintang | 31° 20′ N to 37° N | ||||||||||
- Garis bujur | 109° 3′ W to 114° 49′ W | ||||||||||
Populasi | Rangking 16th ing AS | ||||||||||
- Total | 6,338,666 | ||||||||||
- Kapadhetan | 45.2/sq mi 17.43/km² (36th in the US) | ||||||||||
Elevasi | |||||||||||
- Titik paling dhuwur | Humphreys Peak[1] 12,633 ft (3,851 m) | ||||||||||
- Mean | 4,100 ft (1,250 m) | ||||||||||
- Titik paling cendhèk | Colorado River[1] 70 ft (22 m) | ||||||||||
Mlebu Union | 14 Fèbruari, 1912 (48th) | ||||||||||
Gubernur | Doug Ducey (R) | ||||||||||
Lètnan Gubernur | None[2] | ||||||||||
Senator | Vacant Jeff Flake (R) | ||||||||||
Delegasi Konggrès | 4 Rep. and 4 Dem. (list) | ||||||||||
Zona wektu | |||||||||||
- Most of State | Mountain: UTC-7 | ||||||||||
- Navajo Nation | Mountain: UTC-7/-6 | ||||||||||
Cekakan | AZ Ariz. US-AZ | ||||||||||
Situs web | www.az.gov | ||||||||||
Arizona iku saka patang praja pojok (Four Corners). Nagara iki wewatesan karo New Mexico, Utah, Nevada, California, nyénggol Colorado, lan duwé tapel wates internasional 389-mile (626 km)karo nagara bag'eyan Sonora lan Baja California ing Meksiko. Saliyané Grand Canyon, akèh alas taman nasional lan konsèrvasi kang dumunung ing praja iki.