Paskah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Paskah (Grikenlan: Πάσχα utawa Paskha[1]) iku riyaya paling wigati sajeroning taun liturgi gréjawi Kristen. Tumrap umat Kristen, Paskah identik karo Yesus, kang déning Paulus sinebut "cempé Paskah"; jemaat Kristen nganti saiki percaya yèn Yesus disalibaké, séda lan dikubur[a], lan ing dina katelu[b] wungu saka antarané wong mati. Paskah ngrayakaké dina wungu Dalem mau lan minangka riyaya kang paling wigati amarga mèngeti prastawa kang paling sakral sajeroning uripé Yesus.
Sunyata Rikat Dipèngeti, Jinis ...
Paskah | |
---|---|
Dipèngeti | Mayoritas umat Kristen |
Jinis | Kristen |
Ancas | Ngrayakaké Yesus (Isa Almasih) wungu saka séda. |
Karaméan | Kebaktian gréja, bujana kulawarga, golèk endhog Paskah kanggo bocah-bosah lan mènèhi bebungah kanggo wong diwasa (mligi ing AS lan Kanada) |
Pèngetan | Donga, donga pasa, donga sawengi nutuk (mligi tradhisi Wétan), kebaktian ésuk (mligi tradhisi Protèstan AS) |
Tanggal | 22 Maret, 25 April, date of EasterCithakan:Infobox holiday/wd |
Tanggal ing 2024 | date missing (please add) |
Gegayutan | Paskah Yahudi, Pra-Paskah:Rebo Awu, Minggu Palem; Minggu Suci: Kemis Putih, Jemuah Adi, Setu Suci; Mékrad Dalem Yésus, Pentakosta, Minggu Trinitas, lan Corpus Christi ing wuriné. |
Tutup