Pakan kucing
panganan kanggo kucing / From Wikipedia, the free encyclopedia
Pakan kucing iku pangan mligi sing diwenenhaké lan dipangan déning kucing lokal. Pangan kucing kudu nduwéni kabutuhan gizi sing dibutuhaké déning kucing,[1] ya iku panganan sing akeh ngandut vitamin lan asem amino.[2][3] Panganan sing ngandut asem amino taurine tuladhané daging. Menawa kurang zat taurine ing wektu sing suwé, umpamané menawa kucing diwenehi pakan asu sing ngamot sethithik taurine, bisa nyebabké kurangé daya saka retina, kelangan pandeleng, lan jantung rusak.[4]