Orgasme
From Wikipedia, the free encyclopedia
Orgasme (saka tembung basa Yunani ὀργασμός orgasmos sing tegesé "kabagyan, abuh"; uga klimaksing sèks) ya iku uculing kabagyan sèksual sing katumpuk sing ujug-ujug nalika siklus réspon sèksual, sing ngasilaké ing kontraksi otot sing ritmis ing panggul sing dadi ciri khas kanggo kepénaking sèks.[1][2][3] Iki dialami déning wong lanang lan wong wadhon, orgasme iku dikuwasani déning sistem saraf otonomis utawa sistem saraf paksa. Orgasme iku asringé dikaitaké karo tumindak-tumindak kepaksa, kalebu kejèling otot ing sawenèh area ing awak manungsa, sènsasi euforia sing umum lan, asringé, owahing awak lan vokalisasi.[4] Période sawisé orgasmé (uga dimudhengi minangka période refractori) ya iku kerepé sawiji pengalaman sing nglegakaké uwong, digaètaké karo uculing neurohormones oxytosin lan prolaktin uga endorphins (utawa "morphine éndogén").[5]
Orgasmé manungsa lumrahé diasilaké saka timulasi sèks fisik ing penis kanggo wong lanan (lumrahé mbarengi éjakulasi), lan ing clitoris kanggo wong wedhok.[4][6][7] Stimulasi sèks bisa dilakukaké dhéwé-dhéwé (kanthi masturbasi) utawa kanthi karo partner sèks (penetratif sèks, non-penetratif sèks, utawa skagiyatan sèksual liyané).
Èfèk-èfèk kaséhatan sing ngepungi orgasmé manungsa iku warna-warna. Ana akèh réspon-réspon psikologis kagiyatan sèksual, kalebu sawiji kaanan lega sing kagawé déning prolaktin, uga owah-owah ing jero sistem saraf pusat kaya ta a temporary mudhing kagiyatan metabolik sing sedéla ing pérangan gedhéné cerebral cortex kamangka ora ana owahan utawa mundhaké kagiyatan metabolik ing area-area limbik (i.e., "ngewatesi") ing jero utek manungsa.[8] Uga ana akèh dhisfungsi sèksual, kaya ta anorgasmia. Èfèk iku mau njalari panemu-panemu kultural marang orgasme, kaya ta kapitayan tmenawa orgasme lan kerep orané utawa konsistèn apa orané wigati utawa ora ana sangkut pauté kanggo maremé wong ing sawiji ubungan sèksualé,[9] lan téyori-téyori bab fungsi-fungsi biologis lan evolutionèré orgasme.[10][11]
Orgasme ing kéwan uwis disinaoni kanthi ora pati signifikan tinimbangé orgasmené manungsa, nanging panlitèn bab subyèk iki mau isih tetep ana.