Nowruz
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nowruz (Pèrsi: نوروز Nowruz, [nouˈɾuːz]; tegesé "dina anyar" utawa "dina nganyari") ya iku sebutané Taun Anyar Iran,[30][31] kang uga dikenal minangka Taun Anyar Pèrsi,[32][33] sing dipèngeti ing saindenging donya déning wong Iran, bebarengan karo sawenèh golongan ètno-basa, minangka dina kawitan saka Taun Anyar.
Nowruz نوروز | |
---|---|
Uga ingaran | Albanian: Novruzit[note 1] Basa Azéri: Novruz, نوروز, Новруз Bashkir: Науруз, Nawruz Crimean Tatar: Navrez, Наврез Dari: نوروز, Nauruz Basa Géorgia: ნავრუზი, Navruzi[note 2] Basa Gujarat: નવરોઝ, Navarōjha Basa Polen: Nowy Rok Basa Slovak: Nový Rok Kazakh: Наурыз, Nawryz, ناۋرىز Kurdhi: نەورۆز, Newroz[note 3] Kyrgyz: Нооруз, Nooruz, نوورۇز Lezgian: Яран Сувар, Yaran Suvar Ossetian: Новруз, Novruz[note 4] Pashto: نوروز, Nawruz Tabassaran: Эбелцан, Ebeltsan Basa Tajik: Наврӯз, Navro‘z Basa Tatar: Нәүрүз, Näwrüz, نەوروز Basa Tati: Nuruz, نوروز Basa Turki: Nevruz Turkmen: Newruz, Невруз, نوروز Basa Urdu: نوروز, Nawrūz Basa Uyghur: نورۇز, Noruz, Норуз Basa Uzbèk: Navruz, Навруз, نەۋرۇز |
Dipèngeti | Iran Afghanistan Albania[1][2] Azerbaijan China (déning wong Tajik saka Xinjiang lan Wong Turkic)[3] Georgia[4] India (déning wong Parsi)[5] Iraq (déning Wong Kurdhi lan wong Turkmen saka Irak)[6] Kazakhstan[7] Golongan ètnis
|
Jinis | Nasiyonal, golongan ètnis, internasiyonal |
Ancas | Prèi Taun Anyar |
Tanggal | 19, 20, utawa 21 Maret |
Tanggal ing 2023 | Senèn 20 Maret 2023 tabuh 21:24 UTC * |
Tanggal ing 2024 | Rebo 20 Maret 2024 tabuh 03:06 UTC * |
Frékuwènsi | annual |
Sanajan aslaé saka Iran lan agama Zoroastrianismé, Nowruz uga dipèngeti déning wong-wong saka manéka warna paguyuban ètno-basa. Nowruz uwis dipèngeti suwèné luwih saka 3.000 taun ing Asia Kulon, Asia Tengah, ing wewengkon Kaukasus, ing sakupengé Black Sea Basin, lan ing wewengkon Balkan.[34][35][36][37][38][39][40][41][42] Nowruz dianggep minangka pèngetan sing sékulèr déning wong-wong sing ngrayakaké, saka manèka warna agama utawa kapracayan, nanging tetep dadi dina kang suci kanggoné pangrasuk Zoroastrianisme.[43]
Nowruz iku dina anané prastawa vernal equinox, lan dadi titikan mangsa semi ing Bumi Sisih Lor. Iku uga dadi titikané dina kawitan saka sasi kawitan (Farvardin) ing kalèndher Iran.[44] Nowruz biyasané dirayakaké ing tanggal 21 Maret utawa dina sadurungé utawa dina sawisé, gumantung saka wewengkon endi anggoné nitèni.