Musiyum Victoria lan Albert
From Wikipedia, the free encyclopedia
Musiyum Victoria lan Albert (disingkat V&A) minangka musiyum disain lan seni dékoratif paling gedhé ing donya kang nyimpen kolèksi luwih saka 2,3 yuta obyèk. Musiyum Victoria lan Albert mapan ing Kensington Kidul, London. Musiyum iki diadegaké taun 1852 kanggo ngurmati Ratu Victoria lan Pangéran Albert. Musiyum iki mapan ana ing lemah kang ambané 12,5 ékar (51000 m2). Musiyum Victoria lan Albert nyimpen kolèksi seni kang umuré wis 5000 taun, ana kolèksi saka jaman kuna tekan jaman saiki. Kolèksi-kolèksi seni kang disimpen ing Musiyum Victoria lan Albert, ya iku keramik, kaca, tèkstil, kostum, perak, wesi, prabot, patung, seni grafis, perhiasan, lan foto-foto kang dadi kolèksi paling penting ing donya. Musiyum iki uga duwé kolèksi saka jaman Pencerahan Italia.[2]
Dikukuhaké | 1852 |
---|---|
Pernah | Cromwell Gardens, Kensington Kidul, London |
Ukurané kolèksi | 4,6 yuta obyèk |
Dhayoh | 2.269.880 (2009)[1]
|
Dhirèktur | Martin Roth |
Situs jaringan | www.vam.ac.uk |