Mars
planit kapapat saka Srengéngé ing Tata Surya / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mars utawa Anggara yaiku planit kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jeneng déwa prang Romawi, Mars. Planit iki asring diarani "planit abang" amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Iki amarga anané wesi (III) oksida ing lumah planit Anggara.[6] Anggara iku planit kang isiné watu kanthi atmosfér kang tipis. Ing lumah Anggara ana kawah, gunung geni, lembah, ara-ara, lan tudung ès. Pèriodhe rotasi lan siklus mangsa Anggara mirib karo Bumi. Ing Planit Anggara ana Gunung Olimpus, gunung kang paling dhuwur ing Tata Surya, lan Valles Marineris, lembah paling amba ing Tata Surya. Saliyané iku, ing sisih lor ana cekungan Borealis ambané nganti tekan 40% lumah Anggara.
Mars dilihat olèh teleskop luar angkasa Hubble |
||||||||||
Penamaan
| ||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Adjektif | Martian | |||||||||
Epos J2000 | ||||||||||
Aphelion | 249.209.300 km 1,665 861 SA | |||||||||
Perihelion | 206.669.000 km 1,381 497 SA | |||||||||
Sumbu semi-mayor | 227.939.100 km 1,523 679 SA | |||||||||
Eksentrisitas | 0,093 315 | |||||||||
Periode orbit | 686,971 dina 1,8808 taun Julian 668,5991 sol | |||||||||
Periode sinodis | 779,96 dina 2,135 taun Julian | |||||||||
Kecepatan orbit rata-rata | 24,077 km/s | |||||||||
Inklinasi | 1,850° menyang Ekliptika5,65° marang ekuator srengéngé1,67° marang babagan Invariabel[2] | |||||||||
Bujur node menaik | 49,562° | |||||||||
Argumen perihelion | 286,537° | |||||||||
Satelit | 2 | |||||||||
Ciri-ciri fisik
| ||||||||||
Jari-jari khatulistiwa | 3.396,2 ± 0,1 km[a][3]0,533 Bumi | |||||||||
Jari-jari kutub | 3.376,2 ± 0,1 km[a][3]0,531 Bumi | |||||||||
Kepepatan | 0,005 89 ± 0,000 15 | |||||||||
Luas permukaan | 144.798.500 km²0,284 Bumi | |||||||||
Volume | 1,6318×1011 km³0,151 Bumi | |||||||||
Massa | 6,4185×1023 kg0,107 Bumi | |||||||||
Kepadatan rata-rata | 3,934 g/cm³ | |||||||||
Gravitasi permukaan di khatulistiwa | 3,69 m/s²0,376 g | |||||||||
Kecepatan lepas | 5,027 km/s | |||||||||
Hari sideris | 1,025 957 hari24,622 96 h[4] | |||||||||
Kecepatan rotasi | 868,22 km/jam | |||||||||
Kemiringan sumbu | 25,19° | |||||||||
Asensio rekta bagi kutub utara | 21 j 10 m 44 d317,681 43° | |||||||||
Deklinasi | 52,886 50° | |||||||||
Albedo | 0,15[5] | |||||||||
Suhu permukaan Kelvin Celsius |
| |||||||||
Magnitudo tampak | +1,8 hingga −2,91[5] | |||||||||
Ukuran sudut | 3,5—25,1"[5] | |||||||||
Atmosfer
| ||||||||||
Tekanan permukaan | 0,6–1,0 kPa | |||||||||
Komposisi | 95,72% Karbon dioksida 2.7% Nitrogen 1.6% Argon 0.2% Oksigen 0.07% Karbon monoksida 0.03% Uap air 0.01% Nitrogen monoksida 2.5 ppm Neon 300 ppb Krypton 130 ppb Formaldehida 80 ppb Xenon 30 ppb Ozon 10 ppb Metana | |||||||||
Lingkungan Anggara luwih bisa kanggo manggon urip tinimbang kahanane Planét Kejora. Sanajan mangkono, kaanan kayaiku ora cukup idhéal kanggo uripé manungsa. Suhu udara kang rada adhem lan tekanan udara kang sithik, ditambah manèh karo komposisi udara ing Anggara isiné karbondioksida, ndadékaké manungsa kudu nganggo piranti ambegan yèn kepéngin manggon ing kana. Misi-misi menyang planit abang iki, nganti tekan pungkasané abad kaping 20, durung bisa kasil nemu tipak panguripan ing kana, sanajan kang paling prasaja.
Planit duwé 2 satelit, yaiku Phobos lan Deimos. Planit iki mbutuhaké 686 dina kanggo ngubengi srengéngé. Planit iki uga nindakaké rotasi. Suwe rotasiné yaiku 25,62 jam.
Ing planit Mars, ana fitur unik ing laladan Cydonia Mensae. Fitur iki wujudé kaya bukit yèn dideleng saka dhuwur katon kaya rai manungsa. Akèh kang nganggep yèn bukit iku bukti saka peradaban kang wis suwé musnah ing Mars, sanajan saiki wis kabukti yèn fitur iku mung kenampakan alam biyasa.
Ing mitologi Yunani, planit iki idhéntik karo déwa perang, yaiku Aries, putra Zeus lan Hera.