Macan tasman
From Wikipedia, the free encyclopedia
Macan tasman (Latin: Thylacinus cynocephalus) iku marsupiyal karnivor gedhé dhéwé ing kala modhèren. Kéwan iki karan "macan" amarga gegeré ules lorèk, nanging uga ana kang ngarani srenggala tasman amarga pawakan lan pratingkahé mèmper kéwan saka famili Canidae. Kéwan iki asli Ostrali, Tasman, lan Papuwah. Macan tasman cures ing abad 20 tur kéwan iki minangka sepésiyes pungkasan ing famili Thylacinidae. Sepésimèn-sepésimèn kang minangka warganing famili Thylacinidae wis tinemu kanthi wujud rekaman fosil kang bisa katitimangsa nganti kala Oligosèn.
Macan tasman[1] Kalamangsa: Pliyosèn Kawitan-Holosèn | |
---|---|
Macan tasman ing Kebon Raja Washington D.C., watara taun 1906 | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Infraklas: | Marsupialia |
Ordho: | Dasyuromorphia |
Famili: | †Thylacinidae |
Génus: | †Thylacinus |
Spésies: | †T. cynocephalus |
Jeneng binomial | |
Thylacinus cynocephalus (Harris, 1808) | |
Sajarah ambahaning macan tasman ing Tasman | |
Sinonim | |
Dhedhasar tandha-yekti kang tinemu, kéwan iki minangka kéwan nokturnal kang isinan. Pawakané mèmper asu, kajaba buntuté kang kaku, duwé sak ing wetengé (mèmper kangguru) lan ulesé geger lorèk-lorèk. Macam tasman iku prédhator pucuk kaya déné macan lan srenggala ing Pérangan Jagat Lor. Nanging, kéwan iki ora duluran cedhak karo kéwan-kéwan mau amarga macan tasman kagolong marsupiyal, nanging pawakan lan adhaptasiné kéwan iki mirib kéwan-kéwan mau amarga évolusi konpergèn. Duluré kang cedhak dhéwé ing kala modhèren iku sétan tasman utawa numbat. Macan tasman iku salah siji sepésiyes marsupiyal ing jagad kang mawa sak ing wetengé mungguh ing kéwan lanang lan wadoné (kéwan liyané kang mangkono iku oposum banyu). Sak ing macan tasman lanang minangka selaput pangayom kang nutupi organ bebranahan (perkembangbiakan) jabané nalika ngambahi rerungkud. Macan tasman kagambar minangka tukang memangsa kang prigel amarga kuwawa urip lan beburu ing laladan kang arang kang ngambah.
Macan tasman wis dadi kéwan kang arang banget utawa wis cures ing Buwana Ostrali nalika sadurungé mangsa panjajahé Karajan Manunggal, nanging kéwan iki kasil slamet ing Pulo Tasman bebarengan karo sawenèh sepésiyes éndhemik liyané, kaya ta sétan tasman. Saliyané amarga beburon mawa bebana kang kaladuk, curesé kéwan iki bokmanawa jalaran tularing lelara, tekané sepésiyes asu, lan panggangguné manungsa marang habitaté. Sanajan kanthi resmi wis karan cures, lapuran wong kang weruh kéwan iki isih muncul, sanajan tanpa tandha-yekti.