M-16 (bedhil)
From Wikipedia, the free encyclopedia
M16(dikenali minangka Bedhil, kaliber 5,56 mm, M16) ya iku sebutan militèr Amérikah Sarékat kanggo bedhil AR-15. Colt tuku hak atas AR-15 saka ArmaLite lan saiki migunakaké sebutan kang amung kanggo vèrsi semi-otomatis bedhil. Bedhil M16 némbak migunakaké Magazèn 5.56x45mm lan bisa ngasilaké èfèk nyilakani nalika dampak peluru ing kecepetan dhuwur lan patek ing jero jaringan nyebapaké fragmentasi lan rikat nransfer ènergi.[4][5][6]
M-16 (data di bawah untuk Rifle, 5.56 mm) | |
---|---|
Dari atas ke bawah: M16A1, M16A2, M4, dan M16A4. | |
Tipe | |
Negara asal | Amérikah Sarékat |
Sejarah pemakaian | |
Digunakan | 1960– |
Pemakai | Amérikah Sarékat, NATO,Israèl, banyak lainnya |
Perang | Perang Vietnam, Perang Teluk, Perang Irak |
Sejarah produksi | |
Perancang | |
Tahun | 1957 |
Produsen | |
Diproduksi | 1960–sekarang |
Jumlah | Diatas 8 juta [2] |
Varian | Lihat Variants |
Spesifikasi | |
Berat | 7.8 lb (3.5 kg) (Tiada Isi Peluru) 8.79 lb (4.0 kg) (Berisi Peluru Penuh) |
Panjang | 39.625 in (1,010 mm) |
Panjang laras | 20 in (508 mm) |
Peluru | 5.56x45mm NATO |
Mekanisme | Mekanisme Gas, Putaran Bolt (Langsung tubrukan) |
Kec. tembak | 12-15 ubengan / menit berkelanjutan, 45-60 ubengan / menit semi-otomatis, & 700-950 ubengan / menit siklik |
Kec. peluru | 3,100 kaki/detik (944.88 m/s)[3] |
Jarak efektif | 550 Meters (titik sasaran), 800 Meters (laladan sasaran) |
Pengisian | Magazen box 30 butir,Magazen box RPK 40 butir,Magazen drum RPK 75 butir |
Alat bidik | Bidikan besi |
Bedhil M16 wiwit digunakaké Angkatan Darat Amérikah Sarékat lan wis disebar kanggo operasi perang alas ing Vietnam Selatan nalika taun 1963,[7] dadi bedhil baku AS saka Perang Vietnam nalika taun 1969,[8] ngganteni bedhil M14 sajeroning perang mau. Wadya AS isih migunakaké bedhil M14 ing Conus, Éropa, lan Koréa Kidul nganti taun 1970. Awit Perang Vietnam, kulawarga bedhil M16 wis dadi bedhil utama infanteri militèr AS. Kanti variane (M16A1, M16A2, M16A3, lan M16A4), wis digunakaké déning meh satus nagara. Produksi ing sekabehane dunya Jumlah senjata M16-gaya wit awal désain wis sakiwa-tengené 8 yuta, saéngga senjata api kang paling akèh diprodhuksi sajeroning kalibere.[2] Bedhil M16 lagi digantikake karabin seri M4 kanthi bertahap ing Angkatan Darat Amérikah Sarékat kanggo digunakaké ing taun 2010.[9]