Luzon
Agno³ / From Wikipedia, the free encyclopedia
Luzon (i/luːˈzɒn/; Pangucapan cara Tagalog: [luˈson]) iku pulo gedhé dhéwé lan akèh dhéwé padunungé ing Pilipina. Pulo iki klebu 15 pulo gedhé dhéwé ing donya. Kapernah ing sisih lor kapuloan Pilipina, Pulo iki dadi punjering ékonomi lan pulitik negara. Ing pulo iki kapernah kutha krajan Pilipina, Manila,kang duwé pérangan kutha, Quezon City kang duwé akèh dhéwé padunung ing negara iki. Pulo iki didunungi 53 yuta jiwa ing taun 2015,[1] lan kalebu papat pulo kang akèh dhéwé padunungé ing donya (sawisé Jawa, Honshu, lan Britainia Gedhé). Udakara 53% saka gunggung padunung negara manggon ing negara iki.
Geography | |
---|---|
Location | Asia Kidul-wétan |
Archipelago | Pilipina |
Adjacent to |
|
Major islands | Pratélan
|
Area rank | 15th |
Administration | |
Pilipina | |
Demographics | |
Demonym | Luzonian (modern), Luzonese (contemporary), Luções (archaic) |
Population | 53,336,134[lower-alpha 1] |
Luzon iku bisa nuduhaké salah siji saka telung golongan pulo baku ing negara iki. Pulo gedhé Luzon dumadi saka Pulo Luzon, kapuloan Batanes lan Babuyan kang kapernah ing sisih Lor, Pulo Polillo kapernah ing sisih wétan, lan pulo-pulo kang adoh saka Pulo Luzon kaya ta Catanduanes, Marinduque, Masbate, Romblon, Mindoro, Palawan, lan liyané kang kapernah ing sisih kidul.[2]