Louis XVI saka Prancis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Louis XVI, 1754-1793, Raja Perancis (1774-1792), inggih punika putra no tiga saking Dauphin (Louis) lan Marie Josèphe saking Saxony, putu lan panerus Raja Louis XV. Ing taun 1770 piyambakipun krama kaliyan archduchess Ostenrik Marie Antoinette.[1] Bapakipun séda amargi TBC paru-paru rikala yuswa 36 sadèrèngipun dados Raja Perancis. Ibunipun séda amargi lelara ingkang sami. Ing wekdal punika Louis taksih umur 13 taun.