Kutha mati
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kutha mati iku désa, kutha cilik, utawa kutha gedhé kang ditinggal wargané. Kutha mati lumrahé isih ana tilas-tilasé kang bisa kadeleng. Siji kutha ingaran kutha mati amarga kagiyatan ékonomi kang njurung uripé kutha mandheg utawa ngalami cabar (gagal), utawa amarga bencana alam utawa manungsa kaya ta banjir, katiga ngerak, tindaking pamaréntah, kaanan nirtata (lawlessness), perang, polusi, utawa bencana nuklir. Tembung iku kala-kala uga ateges kutha-kutha lan padunungan kang isih ana wargané, nanging wis suda akèh saka taun-taun kapungkur; contoné padunungan-padunungan kang tataran panganggurané dhuwur lan ditinggal wargané.[1]
Sawenèh kutha mati, mligi kang isih nilasaké arsitèktur kondhang saka jaman kapungkur, dadi papan wisata. Sawatara contoné ya iku: Bannack, Calico, Centralia, Oatman, lan South Pass City ing Amérikah Sarékat, Barkerville ing Kanadha, Craco ing Itali, Elizabeth Bay lan Kolmanskop ing Namibiyah, Pripyat ing Ukrainah, lan Danushkodi ing Indhiyah.
Kutha Plymouth ing Pulo Montserrat ing Karibiyah minangka kutha mati kang uga minangka kutha krajan de jure saka Montserrat. Kutha iku ora bisa kadunungan lan ditinggal wargané amarga katerak awu gunung geni kang njeblug.