Kurdhistan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kurdhistan (basa Kurdhi: [ˌkurdɪˈstan] ( rungokaké); "Tanah wutah getihé wong Kurdhi" utawa "Tanah Kurdhi")[4] utawa Kurdhistan Magung iku wewengkon géo-budaya kang didunungi wong Kurdhi, minangka mayoritas ing kono.[5] Wewengkon iki dadi asalé budaya, basa, saha jatidhiriné bangsa Kurdhi.[6] Kurdhistan nyrambahi Pagunungan Zagros iring lor-kulon lan Pagunungan Taurus iring wétan.[7]
Tanah Kurdhi | |
Basa | Basa Kurdhi |
---|---|
Pernah | Mésopotamia udhik, lan Pagunungan Zagros, kalebu péranganing Wewengkon Anatolia iring wétan (Pagunungan Arméni) lan Anatolia Kidul, Suriah iring lor, Irak iring lor, lan Plato Irani iring lor-kulon.[1] |
Pérangan | Kurdhistan Lor Kurdhistan Kidul Kurdhistan Wétan Kurdhistan Kulon |
Nagara | Turki Irak Iran Suriah |
Laladan | 190.000–390.000 km²–500.000 km² 74.000–151.000 sq. mi[butuh sitiran] |
Cacah wong | Diwatara ana 36,4 yuta ing taun 2016 [2][3] |
Kutha gedhé dhéwé | Diyarbakır (Amed) Erbil (Hawler) Kermanshah (Kirmashan) Kirkuk (Kerkuk) Sanandaj (Sine) Sulaymaniyah (Slemani) Urfa (Riha) Van (Wan) |
Internèt TLD | .krd |
Ing jaman saiki, tembung Kurdhistan tegesé laladan-laladan iki: Turki iring kidul-wétan (Kurdhistan Lor), Suriah iring lor (Rojava utawa Kurdhistan Kulon), Irak iring lor (Kurdhistan Kidul), lan Iran iring lor-kulon (Kurdhistan Wétan).[8][9] Sawenèh pakumpulan nasionalis Kurdhi marusudi yasa sawijining nagara bangsa kang mardika saka sawenèh utawa sakabéhing wewengkon mau kanthi wong Kurdhi dadi mayoritasé, déné sawenèh liyané kampanye njaluk otonomi luwih ing sajeroning nagara-nagara kang saiki dienggoni wong Kurdhi.[10][11]
Kurdhistan Irak pisanan éntuk status otonom lumantar pasarujukan ing taun 1970 karo pamaréntah Irak. Statusé mau dikukuhaké manèh ing taun 2005 ing sajeroning républik Irak fédheral.[12] Ana sawijining provinsi jeneng Kurdistan ing Iran kang ora swatantra. Wong-wong Kurdhi kang perang ing Perang Sipil Suriah kasil ngrebut pérangan gedhéné wewengkon Suriah iring lor amarga wadyaning pamaréntah Suriah kang setya tuhu marang Bashar al-Assad mundur saka palagan. Kasil yasa pamaréntahané dhéwé, wong Kurdhi mau njaluk otonomi ing Suriah fédheral sawisé perang[13]