Krangkungan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Krangkungan (Ipomoea carnea) ya iku salah siji spésiès saka génus Ipomoea kang asring tinemu ing sawah. Tuwuhan iki duwèni godhong wangun ati warna ijo, dawané 15–23 cm. Tuwuhan iki gampang tindandur kanthi stèk utawa isiné. Isiné ngandhut racun kang bebayani tumrapé sato kéwan,[1] lan tinemu uga ing godhongé. Watangé bisa digunakaké dadi kertas,[2] lan duwé pigunan dadi obat kan identik marang marsilin lan antikonvulsan. Tuwuhan iki asalé saka Amérika tropis (kolombia, Kostarika, Guatemala). Kembangé wujud trompèt warna ungu nom, putih, utawa putih semu jambon. Tuwuhan iki isih sadulur cedhak saka kangkung. Watangé nggronggong, empuk tanpa kayu, lan nlutuh.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Krangkungan | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Asterids |
Ordho: | Solanales |
Famili: | Convolvulaceae |
Génus: | Ipomoea |
Spésies: | I. carnea |
Jeneng binomial | |
Ipomoea carnea Jace. | |
Sinonim | |
Ipomoea fistulosa Mart. ex Choisy |
Tutup