Kate Winslet
juru paraga wadon saka Inggris / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kate Elizabeth Winslet ya iku aktris saka Inggris kang lair ing Reading, Berkshire, Inggris, 5 Oktober 1975.[1] Dhèwèké iku dadi pemenang Academy Award, Emmy Award, BAFTA, Grammy Award, lan Screen Actors Guild Award filem Inggris.[1] Kate misuwur wiwit maragani Juliet Hulme ing filem Heavenly Creatures rikala taun 1994, Rose DeWitt Bukater ing Titanic taun 1997, taun 2003 mèlu maen ing filem The Life of David Gale lan Clementine Kruczynski.[1] Ing Sunshine of the Spotless Mind taun 2004.[1]
Kate wiwit nglakoi karier saka taun 1991.[2] Bareng karo Johnny Depp dhèwèké kaloron maen filem semi-biografi panulis drama J.M. Barrie ing Finding Neverland.[2] Tahun 2009 Kate éntuk Piala Oscar amarga paragane mawa Hanna Schmitz ing The Reader kang Ralph Fiennes uga mèlu maen ing filem iku.[2] Lakune urip dhèwèké ora semulus karire ing filem.[1] Dhèwèké kepeksa pegatan karo bojone kaloro sing wis ngancani suwéné pitung taun.[2]