Karl Drais
From Wikipedia, the free encyclopedia
Karl Drais ya iku tiyang kang nyiptakaké laufmachine uga bisa diarani sepédha rodha telu.[1] Prinsip kerja laufmachine iki kang banjur dadi cikal bakal sepédha rodha loro lan sepédha montor.[1] Karl Drais kang jangkepé Baron Karl Drais von Sauerbronn lair ing kutha Karlsurhe, Jerman tanggal 29 April 1785.[1] Drais, wiwit taun 1803-1805 sekolah arsitèktur, pertanian, lan fisika ing University of Heidelberg.[2] Dhèwèké uga nggabung dados pejabat kehutanan lan nyambi kerja dados guru ing lembaga perhutanan pribadi duwèké sedhuluré.[2] Taun 1810, Drais nampa gelar rimbawan nanging posisiné durung ditemtokaké.[2] Setaun sawisé dhèwèké diskors saka kerjaane, nanging tetep bisa nampa upah kerja, mula dhèwèké nduwé wektu kang akèh kanggo barang-barang panemoné.[2]