Kali Kuning
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Kuning utawa Huang He (Tionghoa: 黃河; Pinyin: Huáng Hé; kadhangkala cukup diarani "Kali" ing Cina kuna) iku sawijining kali kang nomer loro dawané ing nagara Cina (sawisé Kali Yangtze) lan nomer 6 paling dawa ing donya, ya iku dawané 5,464 kilomèter (3,398 mi).[1] Miwiti saka Gunung Bayankala ing Provinsi Qinghai ing nagara Cina sisih kulon, kali iki mili ngliwati 9 provinsi ing Cina tumuju Sagara Bohai. Dhaérah ilèn Kali Kuning jembaré saka kulon mangétan watara 1900 km (1,180 mi) lan saka lor mangidul watara 1100 km (684 mi). Total jembaré watara 752,443 km² (290,520 mi²).
Sunyata Rikat Kapernah, Kahanan fisik ...
Kali Kuning | |
---|---|
Kapernah | |
Kahanan fisik | |
Pungkasané | Sagara Bohai |
Dawané | 5464 km (3398 mi) |
Tutup