Jovan Cvijic
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jovan Cvijic ya iku ahli antropologi saka Loznica, Serbia, kalairan taun 1865[2]. Pandhidhikané naté ing Great School ing Belgrade program Diploma taun 1888. Sabanjuré ing University of Vienna (Ph.D.) taun 1892[2]. Sanajan Jovan iki ora duwé data kang bisa diklasifikasiaké minangka panlitian lapangan antropologi, nanging dhèwèké wis nulis werna-werna karya antropologis[2]. Akéh bab tulisané iku luwih akéh nuduhaké bab sosial pulitik ing wewengkon Yugoslavia. Contoné ya iku La Peninsule balkanique. Geographie humaine (The Balkan Peninsula: Human Geography) taun 1918 lan Sabrana dela (Collected Works) taun 1987[2]. Karir akademisé iku ing géomorfologi minangka kajian doktoral. Nanging pakaryané ing géografi manungsa lan étnologi cukup kawentar[2]. Dhéwéké dikenal minangka ilmuwan antropologi ing Yugoslav ing awal abad 20. Malah amarga jasané, pamréntah Serbia (Yugoslavia) nggawéaké museum kanggo mengeti jasa-jasané[3].
Jovan Cvijić | |
---|---|
Lair | (1865-09-12)12 Sèptèmber 1865 Loznica, Principality of Serbia |
Pati | 16 Januari 1927(1927-01-16) (umur 61) Belgrade, Kingdom of Serbs, Croats and Slovenes |
Novo groblje, Belgrade | |
Bangsa | Serb |
Alma mater | University of Belgrade, University of Vienna |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Geography, geology, folklore |
Juru pamrayogya dhoktoral | Albrecht Penck[1] |
Mahasiswa wigati | Pavle Vujević Petar Jovanović |
Mrabawani | William Morris Davis[1] Albrecht Penck[1] Eduard Suess[1] |