John Dalton
From Wikipedia, the free encyclopedia
John Dalton (1766-1844) inggih punika ilmuwan saking Inggris ingkang ing abad kaping-19 nyobi nepangaken hipotesa atom wonten ing jagad ngèlmu kawruh.[1] Kanthi pamikiranipun John Dalton saged damel èlmu kimia saya majeng.[1] Panjenenganipun gadhah gagasan bab “téyori kuantitatif” ingkang saged dipun-ginakaken ing percobaan kimia.[1] Dalton gadhah pamanggih bab konsèp atom, molekul, elemen, lan campuran kimia.[1] Panjenenganipun ugi gadhah pamanggih saben kalih atom saking golongan ingkang meh sami inggih punika sami sadaya kualitasipun, kalebet “masa” (kuantitas material wonten ing piranti ingkang dipunukur saking daya tahan owah-owahan obah).[1] Dalton nglebetaken satunggal dhaftar ingkang nyerat berat relatif saking pinten jinis atom ingkang bènten.[1]
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
John Dalton | |
---|---|
Lair | (1766-09-06)6 Sèptèmber 1766 Eaglesfield, Cumberland, Inggris |
Pati | 27 Juli 1844(1844-07-27) (umur 77) Manchester, Inggris |
Kondhang ing | Atomic Theory, Law of Multiple Proportions, Dalton's Law of Partial Pressures, Daltonism |
Karièr ngèlmiah | |
Mahasiswa wigati | James Prescott Joule |
Mrabawani | John Gough |
Tandha tangan | |