Gout
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gout utawa asem urat (kang uga dipahami kanthi jeneng podagra yèn wis nganti kena jempol sikil)[1] ya iku kaanan medis kang tandha-tandha lumrahé wujud inflammatory arthritis ya iku ros-rosan abuh—kang nganti abang, gembuk, lan panas. Ros metatarsal-phalangeal ing poking jempol sikil dadi panggonan kang paling umum ketaman (prakira 50% kasus). Asam urat uga bisa tuwuh minangka benjol-benjol saka klumpukan kristal ing sangisoring kulit, sajeroning ros-rosan, lan sajeroning balung kang sinebut tophi, watu ginjel, utawa nglumpuking kristal urat ing ginjel sinebut nefropati urat. Sebabe ya iku dhuwuré angka kandhutan asem urat ing getih. Asam urat malih dadi kristal, banjur kristal-kristal mau nglumpuk ing ros-rosan, téndhon, lan ing sakupenging jaringan.
Asam urat | |
---|---|
Classification and external resources | |
ICD-10 | ICD-10 Chapter M|M10 |
ICD-9 | 274.00 274.1 274.8 274.9 |
OMIM | 138900 300323 |
DiseasesDB | 29031 |
MedlinePlus | 000422 |
eMedicine | emerg/221 med/924 med/1112 oph/506 orthoped/124radhio/313 |
MeSH | D006073 |
Diagnosis klinis ditegesake kanthi ndeleng sipating kristal ing lenga ros-rosan. Pangobatan nganggo obat anti-abuh non-steroid utawa nonsteroidal anti-inflammatory drugs (NSAIDs), steroid, utawa kolkisin bisa ngatasi tandha-tandha. Nalika serangan akut kalong, angka asem urat lumrahé bisa dikurangi kanthi ngowahi gaya hidup, utawa nganggo obat allopurinol utawa probenesid kang bisa nyegah kedadeyan serangan ing let suwé kanggo pasien kang kerep ketaman serangan.
Ing pirang-pirang puluh taun kang keri iki, kasus asem urat saya nambah cacah lelakoné, prakira ana 1-2% populasi nagara-nagara Kulon kang ketaman lelara iki ing sawijining umuré. Nambahing kedadeyan iki dinuga amarga nambahing faktor-faktor risiko ing populasi mau, kaya ta sindrom metabolik, tingkat harapan hidup utawa life expectancy lan owahing diet. Miturut sajarah, asem urat iki kawentar dadi "penyakite ratu" utawa "lelara priyayi sugih".