Gangguan swasana ati
perkara kang gegayutan karo pangrasa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Gangguan swasana ati, ing basa Inggris kasebut mood disorder uga dikenal minangka gangguan afèktif, ya iku klompok kaanan kang ngganggu swasana ati minangka fitur dhasar utama. Klasifikasi kasebut ana ing Manual Diagnostik lan Statistik Gangguan Mèntal (DSM) lan Klasifikasi Penyakit Internasional (ICD). Gangguan iki ana ing dhasar swasana ati kang dhuwur, kaya ta mania utawa hypomania; swasana ati kang lagi dèprèsi, paling dikenal lan akèh panalitèné ya iku kelainan dèprèsi utama (MDD) (umumé disebut dèprèsi klinis, dèprèsi unipolar, utawa dèprèsi utama); lan swasana kang duwèni siklus antara mania lan dèprèsi, dikenal minangka gangguan bipolar (BD) (biyèn dikenal dèprèsi manik). Ana sawetara jinis gangguan dèprèsi utawa sindrom kejiwaan kang nuduhaké tandha kang kurang abot kaya ta gangguan distimik lan gangguan siklonim.[1]