Gègèr Pacinan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gègèr Pacinan (uga misuwur minangka Tragedi Angke; ana ing Walanda: Chinezenmoord, kang tegesé "Matèni wong Cina") ya iku pogram kanggo wong katurunan Cina ing kutha palabuhan Batavia, Indhiya Nèderlan (saiki Jakarta). Panindhesan ing kutha saka 9 Oktober 1740 nganti 22 Oktober; manéka warna paprangan cilik-cilik nganti tekan sasi Novèmber 1740. Kabingungan masarakat Tionghoa iku amarga réprèsi pamaréntah lan kurangé asil makarya akibat saka mudhuné rega gula rikala semana. Kanggo nanggepi kabingungan iku, ana ing patemon Dhéwan Hindhia (Raad van Indië), badan pemimpin Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC), Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran apa waé bisa diwales karo kakerasan uga patèn-patènan. Pangumuman saka Valckenier iku ditindhakaké saka tanggal 7 Oktober 1740 sawisé wong-wong Tionghoa akèh kang dadi buruh pabrik gula matèni 50 prajurit Walanda. Panguwasa Walanda ngirim prajurit tambahan, kang njupuk senjata saka wong-wong Tionghoa lan nindakaké jam wengi. Ésuké sawisé diwedèni kejemé wong-wong Tionghoa, golongan ètnis Batavia wiwit mbakar omah-omahé wong Tionghoa ing Kali Besar. Déné prajurit Walanda nyerang wong Tionghoa nganggo mriem. Ontran-ontran iki langsung nyebar ing kutha Batavia saéngga akèh wong Tionghoa kang mati. Valckenier mbiwara yèn ana pengampunan kanggo wong Tionghoa tanggal 11 Oktober, nanging golongan prajurit isih mburu wong Tionghoa nganti tanggal 22 Oktober, nalika Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran wajib dibubaraké. Ing njaba kutha prajurit Walanda perang karo buruh pabrik gula. Sawisé ontran-ontran, prajurit Walanda nyerang markas Tionghoa ing manéka warna pabrik gula. Wong Tionghoa kanthi slamet ngungsi menyang Bekasi. Kira-kira punjul 10.000 wong katurunan Tionghoa dipatèni. Gunggung wong slamet kurang luwih 600 nganti 3000. Sabanjuré ontran-ontran kadadéan ing kabèh tlatah Jawa lan ana kadadéan perang kang suwené rong taun, kanthi wadya gabungan Tionghoa lan Jawa nglawan prajurit Walanda. Sawisé iku, Valckenier diundang menyang Walanda lan dituntut amarga katuté dhèwèké ing ontran-ontran; Gustaaf Willem van Imhoff nggantèkaké dadi gubernur-jendral. Tekan jaman modhèren, ontran-ontran iki kerep tinemu ing sastra Walanda. Ontran-ontran iki uga dadi asal muasal jeneng tlatah ing Jakarta.